Wacanen
Crita Anoman Duta ing Ngisor Iki Kanthi Pratitis!
ANOMAN DUTA
(ANOMAN OBONG)
Raden Rama direwangi para wadya bala
wanara saka Gua Kiskendha sing dipimpin dening Prabu Sugriwa, ketambahan Raden
Anoman, lan Raden Jaya Anggada nambahi kakuwatane wadya bala Gua Kiskendha.

Ora let suwe anggone mabur, dheweke kepethuk
karo raseksa Ditya Bimamuka sing meguru karo Bathara Bayu. Dene Anoman kuwi
anak pupone Bathara Bayu. Banjur loro-lorone padha rangkulan. Sawise iku Raden
Anoman lan wadya wanara nerusake lakune.

Ora let suwe, Dheweke kepethuk sedulure
maneh sing jenenge Begawan Maenaka sing
arupa gunung. Begawan Maenaka menehi woh jambu Dipanirmala, banjur dipangan
dening Anoman. Sawise iku, Anoman pamit lan nerusake lakune. Durung adoh saka
lakune, dheweke dicegat karo Ditya Kala Kataksini, telik sandine Prabu
Dasamuka. Pungkasane, Anoman perang tandhing karo Ditya Kala, banjur bisa dikalahake dening Anoman.
Nalika Anoman wis tekan ing Ngalengka,
Dewi Shinta lagi karo Dewi Trijatha, anake Raden Wibisana (adhine Dasamuka).
Ayune Trijatha ndadekake Anoman kesengsem.

Nalika mabur ing ndhuwure Taman Soka, Anoman
konangan karo juru Taman Soka yaiku Ditya Wiraba. Pungkasane, Ditya Wiraba
kalah perang tandhing karo Anoman.
Raden Indrajit, anake Dasamuka muntab banjur perang karo Anoman. Dene Anoman kepengin ngerti kaya apa kakuwatane Ngalengka, mula dheweke ethok-ethok kalah. Sadurunge Anoman diobong, Wibisana, adhine Dasamuka, nitip pesen kanggo Rama yen dheweke bakal nggabung karo Rama. Sawise iku, Raden Indrajit ngobong Anoman. Genine nganti gedhe lan Anoman lunga mabur ing angkasa. Genine banjur diuncalake Anoman ing Ngalengka, kejaba ing Taman Soka sing dadi panggonane Shinta.
Raden Rama seneng
amarga Anoman kasil ngawat-awati Ngalengka. Anoman didadekake anak pupon Raden
Rama lan diwenehi jeneng anyar yaiku Raden Rama Handayapati.
TEGESE TEMBUNG
Duta :
kongkonan, utusan
Wadya bala : prajurit, balatentara
Wanara : kethek
Pungkasane : wekasane,
sing kari dhewe, (akhirnya)
Raseksa : buta
Telik sandi : mata-mata
Ngawat-awati : ngawasi
Kesengsem : seneng banget marang, kedanan
Muntab : nesu banget, ngamuk
Anak pupon : anak angkat
Ngutus : ngongkon
DAFTAR PUSTAKA
Widada, dkk. 2001. Bausastra
Jawa. Yogyakarta: Kanisius
Susetya, W.
2008.Ramayana. Yogyakarta: Narasi
apik
BalasHapus